Assalamualaikum Wr.Wb
Halo Rek ketemu neh karo aku nang kene hehehe. Biasa e arek arek enom iku senengane dolan,
Dadi aku due saran Rek nek kape dolan nang kene ae. Moco moco artikel ku sing rodok nyeleneh iki mugo ae bermanfaat yo hehehe
Mari iki Aku kape bahas tentang Suroboyo.
Nang indonesia iki opo onok seng gak ero Suroboyo? Suroboyo rek mosok gak ero nek gak ero yo kebacut dolen mu kurang adoh ngopimu kurang sue nek gak ero Suroboyo hehe
Dadi nang Suroboyo iki onok opo ae rek sopo sing ero?
Halah suene rek tak jelasno ae yo hehe
Nang suroboyo akeh tempat wisata e rek
1. Wisata Monumen Tugu Pahlawan Surabaya
Iki tempat pertama seng kudu dikunjungi nek awakmu kape dolen nang Suroboyo.
Monumen bersejarah iki ngilingno masyarakat soroboyo atas perjuangan arek arek suroboyo ngerebut kemerdekaan teko penjajah
Panggone iki ono nang dalan Pahlawan kel. Alun-Alun Contong Kec. Bubutan, Surabaya, Jawa Timur 60175, indonesia
2. Jembatan Suramadu Surabaya
Sopo sing ora eroh Jembatan Suramadu iki. Jembatan seng terpanjang seindonesia terus jembatan sing gae dalan ng madura iki yo dadi kebanggaaan masyarakat surabaya.
nek rene pas bengi ae rek lampu lampu e iku garai moto langsung melek sangking apike hehe
3. Surabaya Carnival Park
Mampir nang Surabaya Carnival Park pisan rek iki Pasar malam paling gede nang suroboyo.
nang kene wahana e seru-seru rek dadi nek liburan sak keluarga mampir rene ae yo hehehe
iku mau wisata seng tak sarano mek 3 wisata nang Suroboyo. sek akeh kok rek sante ae.
gudu wisata e tok rek seng dikunjungi kuliner e yo dicobai akeh kok yoan panganan khas suroboyo.
wes rek mek iku ae sing tak bahas kali iki nex post bahas kota liyo hehe
sepurane nek ono salah kata sekabehe spurane rek yo
Mugo manfaat AMIN
Wassalamualaikum Wr.Wb